Jumat, 19 Juni 2009

aksara jawa

Hanacaraka

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Hanacaraka
Tipe: Abugida
Basa: Basa Jawa, Basa Sundha, Basa Madura, Basa Bali, Basa Melayu
Titimangsa: 804 - saiki (kanggo basa Jawa)
Leluhur: Kanaan

Fenisia
Aram
Brahmi
Pallawa
Kawi
Hanacaraka

Sedulur: Bali
Buda
Sundha
Batak
Baybayin
Rejang
ISO 15924 Java

Aksara Hanacaraka iku sarupaning aksara sing kaanggo ing Tanah Jawa lan saubengé kaya ta ing Madura, Bali, Lombok lan uga Tatar Sundha. Aksara Hanacaraka iku uga diarani aksara Jawa nanging sajatiné ukara iki kurang sreg amarga aksara Jawa iku warnané akèh saliyané iku aksara iki ora namung dienggo nulis basa Jawa waé. Aksara iki uga dienggo nulis basa Sangskreta, basa Arab, basa Bali, basa Sundha, basa Madura, basa Sasak lan uga basa Melayu.

Nanging ing artikel iki ukara Hanacaraka lan aksara Jawa dienggo loro-loroné lan yèn ana ukara aksara Jawa sing dirujuk iku aksara Hancaraka.

Aksara Hanacaraka kagolong aksara jinis abugida utawa hibridha antara aksara silabik lan aksara alfabèt. Aksara silabik iki tegesé yèn saben aksara uga nyandhang sawijining swara. Hanacaraka kalebu kulawarga aksara Brahmi sing asalé saka Tanah Hindhustan. Yèn bentuké, aksara Hanacaraka ana wis kaya saiki wiwit minimal abad kaping 17. Aksara Hanacaraka iki jenengé dijupuk saka limang aksara wiwitané.



Étimologi lan legèndha asal

Artikel utama: Carita Aji Saka

Aksara Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing uniné "hana caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahé ana rongpuluh lan nglambangaké kabèh foném basa Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkéné:


ha na ca ra ka
da ta sa wa la
pa dha ja ya nya
ma ga ba tha nga

Urutan iki uga bisa diwaca dadi ukara-ukara:

"Hana caraka" tegesé "Ana utusan"
"Data sawala" tegesé "Padha garejegan"
"Padha jayanya" tegesé "Padha digjayané"
"Maga bathanga" tegesé "Padha dadi bathang".

Urutan ukara iki digawé miturut legèndha yèn aksara Jawa iku diasta déning Aji Saka saka Tanah Hindhustan menyang Tanah Jawa. Banjur Aji Saka ngarang urutan aksara kaya mengkéné kanggo mèngeti rong panakawané sing setya nganti pati: Dora lan Sembada. Loroné mati amerga ora bisa mbuktèkaké dhawuhé sang ratu. Mula Aji Saka banjur nyiptakaké aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang.

Sajarah aksara Jawa Hanacaraka

Aksara ka ing aksara Brahmi sing diwèhi sandhangan

Aksara Hanacaraka iku baboné aksara Brahmi sing asalé saka Hindhustan. Ing anak bawana Indhia iku akèh rupa-rupaning aksara. Salah sijining aksara sing wigati iku aksara Pallawa saka Indhia sisih kidul. Aksara iki inaranan mengkéné miturut jenengé salah siji karaton ing Indhia kidul yaiku Karajan Pallawa. Aksara Pallawa iki digunakaké ing kiwa tengené abad kaping-4 Masèhi. Ing Nusantara patilasan sajarah arupa prasasti Yupa saka Kutai, Kalimantan Wétan tinulis nganggo aksara Pallawa. Aksara Pallawa iki dadi baboné kabèh aksara Nusantara, antarané aksara Hanacaraka uga aksara Réncong (aksara Kaganga), Surat Batak, aksara Makassar lan aksara Baybayin (aksarané saka Filipina).

Professor J.G. de Casparis, yaiku pakar paléografi utawa ahli ngèlmu sajarah aksara misuwur saka Walanda mérang sajarah tuwuhing aksara Hanacaraka ing limang mangsa utama[1]:

  1. Aksara Pallawa
  2. Aksara Kawi Wiwitan
  3. Aksara Kawi Pungkasan
  4. Aksara Majapait
  5. Aksara Pasca-Majapait utawa Hanacaraka

Aksara Pallawa iki digunakaké ing Nusantara saka abad kaping 4 nganti kurang luwih abad kaping 8. Banjur aksara Kawi Wiwitan dienggo saka abad kaping 8 nganti abad kaping 10 utamané ing Jawa Tengah. Aksara Kawi Pungkasan digunakaké sawisé abad kaping 10 nganti kira-kira abad kaping 13 ing Jawa Wétan. Banjur aksara Majapait iku digunakaké ing Jawa Wétan nalika jaman Majapait. Banjur sawisé karajan Majapait binedhah, muncul aksara Hanacaraka modhèrn sing uga kerep diarani aksara Jawa. Aksara ini banjur dadi kanggo ing saubenging Tanah Jawa, Tatar Sundha, Madura, lan Bali. Kabèh-kabèh aksara iki dadi sakelompok lan isih sakerabat. Nanging sajatiné ugi ana aksara liyané ing tanah Jawa sing luwih lawas lan isih dienggo. Aksara ini jenengé dadi aksara Buda.

Aksara Hanacaraka banjur déning wong-wong Eropah digawèkaké vèrsi aksara céthak ing abad kaping 19.


Aksara Pallawa

Prasasti Yupa

Aksara Pallawa iku asalé saka India sisih kidul. Jenis aksara iki digunakaké ing kiwa-tengené abad kaping 4 lan abad kaping 5. Bukti kapisan panganggonan jenis aksara iki ing Nuswantara ditemokaké ing pulo Kalimantan sisih wétan ing cedhak tlatah sing saiki diarani Kutai. Banjur aksara iki uga digunakaké ing pulo Jawa ing Tatar Sundha ing prasastiné Tarumanegara sing katulis ing kiwa-tengené taun 450. Ing Tanah Jawa dhéwé aksara iki kagunakaké ing Prasasti Tuk Mas lan Prasasti Canggal.

Aksara Pallawa iki bisa dianggep baboning kabèh aksara ing Nuswantara, kalebu aksara Hanacaraka. Yèn dideleng aksara Pallawa iki rupané makothak-kothak. Ing basa Inggris prekara iki diarani nganggo ukara box head utawa square head-mark. Banjur mèh kabèh aksara tinulis nganggo apa sing kasebut mawa istilah serif. Serif-é tinulis ing sisih kiwa.[2]

Senadyan aksara Pallawa wis ditepangi ing Nuswantara wiwit abad kaping 4, nanging basa Nuswantara asli durung ana sing katulis ing aksara iki.

Aksara Kawi Wiwitan

Prabédan antara aksara Kawi Wiwitan karo aksara Pallawa iku utamané gayané. Aksara Pallawa iku ketara yèn sawijining aksara monumèntal sing kanggo nulis ing watu. Aksara Kawi Wiwitan katoné utamané aksara sing kanggo nulis ing rontal lan mulané bentuké dadi luwih kursif. Aksara Kawi Wiwitan digunakaké antara taun 750 nganti 925. Prasasti-prasasti sing katulis ing aksara Kawi Wiwitan cacahé akèh, kurang luwih 1/3 (sapratelon) saka kabèh prasasti sing ditemokaké ing pulo Jawa.

Ing Tanah Jawa, aksara iki paling tuwa ditemokaké ing Prasasti Plumpungan (cedhak Salatiga) sing kurang luwih ditulis ing taun 750. Prasasti iki isih ditulis ing basa Sangskreta.

Aksara Kawi Pungkasan

Kira-kira sawisé taun 925, pusat kakuwasan ing pulo Jawa dadi pindhah ing Jawa Wétan. Pangalihan kakuwasan iki uga katon pangaruhé ing jenising aksara sing kanggo. Mangsa aksara Kawi Pungkasan iki kira-kira saka taun 925 nganti 1250. Sajatiné aksara Kawi Pungkasan ora béda akèh ing wujudé karo aksara Kawi Wiwitan, namung gayané waé sing dadi rada séjé.

Ing sisi liya, gaya aksara sing kanggo ing Jawa Wétan sadurungé taun 925 uga wis béda karo gaya ing Jawa Tengah. Dadi katoné prabédan iki ora namung prabédan ing wektu waé nanging uga ing papan.

Ing mangsa iki bisa dibédakaké papat gaya aksara sing béda-béda: 1. Aksara Kawi Jawa Wétanan saka taun 910 - 950; 2. Aksara Kawi Jawa Wétanan saka jaman prabu Airlangga (1019 - 1042); 3. Aksara Kawi Jawa Wétanan Kedhiri (kurang luwih 1100 - 1220; 4. Aksara tegak (quadrate script) isih saka mangsa Kedhiri (1050-1220).[3]

Aksara Majapait

Prasasti Singhasari 1351

Ing sajarah Nuswantara mangsa antara taun 1250 - 1450 iki ditandhani karo dhominansi Majapait ing Jawa Wétan. Aksara Majapait iki uga nuduhaké pangaruh saka gaya panulisan ing rontal lan rupané éndhah. Gayané semu kaligrafis. Conto utama gaya panulisan aksara iki bisa paling becik dideleng ing Prasasti Singhasari 1351 sing gambaré ana ing sisih kiwa iki.

Gaya panulisan aksara gaya Majapait iki wis nyedhaki gaya modhern.

Aksara Pasca-Majapait

Prasasti Ngadoman

Sawisé jaman Majapait sing miturut tradhisi Jawa negara binedhah ing taun 1478 (candrasangkalané sirna ilang kretaning bumi) nganti pungkasan abad kaping 16 utawa awal abad kaping 17, kanggo sajarah aksara Jawa bisa diarani "jaman peteng". Amerga sawisé iku nganti awal kaping 17 mèh ora ditemokaké bukti panulisan. Ujug-ujug bentuk aksara Jawa dadi bentuké sing modhèrn.

Senadyan mengkono uga ditemokaké prasasti sing wigati amerga dianggep dadi "missing link" antara aksara Hanacaraka saka jaman Jawa Kuna lan aksara Buda sing isih dienggo ing Tanah Jawa, utamané ing sakiwa-tengening Gunung Merapi lan Merbabu nganti abad kaping 18. Prasasti sing diomongaké iki diarani Prasasti Ngadoman sing ditemokaké cedhak Salatiga. Nanging conto aksara Buda sing paling tuwa diduga asalé saka Jawa Kulon lan ditemokaké ing naskah-naskah sing ngamot Kakawin Arjunawiwaha lan Kunjarakarna gancaran.

Munculé Aksara Hanacaraka Anyar

Sawisé jaman Majapait, muncul jaman Islam lan uga jaman Kolonialisme Kulon ing Tanah Jawa. Ing jaman iki banjur muncul naskah-naskah manuskrip kapisan sing wis nganggo aksara Hanacaraka Anyar. Naskah-naskah iki ora namung katulis ing godhong palem (rontal utawa nipah) manèh, nanging uga ing dluwang utawa kertas lan awujud buku utawa codex ("kodhèks"). Naskah-naskah iki ditemokaké ing tlatah pasisir lor Jawa lan padha digawani menyang Eropah ing abad kaping 16 utawa 17.

Bentuké aksara Hanacaraka Anyar iki wis béda karo aksara sadurungé kayata aksara Majapaitan. Prabédan utama iku anané serif tambahan ing aksara Hanacaraka Anyaran.

Aksara-aksara Hanacaraka awal iki bentuké mèmper kabèh saka Banten ing sisih kulon nganti tekan Bali. Nanging banjur akiré pirang-pirang tlatah ora nganggo aksara Hanacaraka lan pindhah nganggo Pégon lan aksara Hanacaraka gaya Surakartan sing dadi baku. Nanging saka kabèh aksara iku, aksara Bali sing bentuké tetep padha nganti ing abad kaping 20.


Komputerisasi aksara Hanacaraka

Wiwit dasawarsa 1980-an pungkasan lan purwané 1990-an, aksara Hanacaraka uga digawèkaké font ing kanggo panrapan ing komputer. Salah siji sing kapisan nggawé font aksara Jawa iku Willem van der Molen, dhosèn filologi lan sastra Jawa Kuna ing Univèrsitas Leiden

Aksara Hanacaraka kanggo basa séjé saliyané Jawa

Tulisan basa Madura mawa Hanacaraka

Hanacaraka uga dienggo nulis basa-basa liya, saliyané basa Jawa. Conto sing cetha banget tamtuné basa Bali. Basa Bali Kuna ditulis nganggo sawijining aksara sing bisa diarani séjé. Nanging mbokmenawa sawisé jaman Majapait, aksara Hanacaraka gaya Jawa dadi kanggo nganti sepréné. Dadi aksara Bali modhèrn iku yèn dirunut sarasilahé asalé saka aksara Majapait lan ora saka aksara Bali Kuna.

Sabanjuré aksara Hanacaraka sing diarani Carakan uga dadi dienggo ing Tatar Sundha wiwit abad kaping 16 nalika Mataram mbedhah karajan Sundha lan ngasta budaya Jawa saha agama Islam ing Jawa Kulon. Sadurungé iku wong-wong Sundha nganggo aksara Sundha sing senadyan isih sakrabat karo aksara Hanacaraka, nanging séjé rupané. Aksara Sundha iki luwih cedhak lan luwih mèmper karo aksara Buda. Carakan disinaoni ing Tatar Sundha nganti sawisé Perang Donya II. Ing sawetara pirang taun pungkasan iki ana gerakan ing Tatar Sundha sing nyoba nrapaké panggunané aksara Sundha Kuna manèh.

Terus saka pulo Madura akèh ditemokaké naskah-naskah manuskrip ing rontal utawa dluwang. Akèhé pancèn tinulis ing basa Jawa, nanging aksara Hanacaraka uga ditrapaké kanggo nulis basa Madura. Utamané wiwit ing abad kaping 19. Saka pungkasané abad kaping 19 lan wiwitan abad kaping 20 uga akèh buku-buku mawa basa Madura ing aksara Hanacaraka sing kacithak.

Banjur ing wusana, aksara Hanacaraka uga kadhangkala dienggo nulis basa Melayu. Biyasané wujudé layang sing tinulis déning wong-wong sing dudu kalebu wong pribumi ing Tanah Jawa utawa Bali lan dadi ora nguwasani basa lokal.

Aksara Hanacaraka

Aksara Hanacaraka iku bisa dipérang dadi pamérangan gaya Jawa utawa gaya Sangskreta. Ing ngisor iki loro-loroné kapacak. Nanging sing kapacak ing ngisor iki aksara Hanacaraka baku gaya Jawa.

Pamérangan gaya Jawa

Basa Jawa bisa dipérang dadi pirang-pirang jinis.

Aksara nglegena

Aksara Hancaraka gaya Jawa

Ing aksara Hanacaraka, aksara nglegena cacahé ana 20. Aksara iki kabèh nglambangaké foném-foném basa Jawa.

Sandhangan swara

Sandhangan swara

Sandhangan swara iku ngowahi swara saka foném /a/ ing aksara nglegena ing swara liyané.

Sandhangan panyigeging wanda

Sandhangan panyigeging wanda iku sandhangan sing nggawé sigeging wanda utawa matèni swara. Sandhangan iki ana: layar, wignyan, cecak lan patèn.

Layar

Layar iku mènèhi foném /r/ ing sawijining aksara

Wignyan

Wignyan iku mènèhi foném /h/ ing sawijining aksara

Cecak

Cecak iku mènèhi foném /ŋ/ ing sawijining aksara

Sandhangan wyanjana

Sandhangan wyanjana iku cacahé ana telu lan diarani cakra, keret, lan péngkal.

Cakra

Cakra iku mènèhi wanda /ra/ ing sawijining aksara. Aksara sing wis ditambahi cakra uga bisa didokoki sandhangan swara manèh.

Keret

Keret iku mènèhi wanda /rě/ ing sawijining aksara.

Péngkal

Péngkal iku mènèhi wanda /ya/ ing sawijining aksara, mèmper cakra. Aksara sing wis ditambahi cakra uga bisa didokoki sandhangan swara manèh, ya kaya cakra.

Patèn utawa pangkon

Patèn utawa pangkon iku kanggo matèni sawijining aksara supaya ora ana swarané manèh. Sing kéri mung konsonané utawa wyanjanané.

Pasangan aksara

Pasangan aksara Jawa

Kabèh aksara uga nduwé sawijining pasangan sing bisa 'matèni' aksara sadurungé.

Aksara swara

Aksara swara

Aksara swara iku aksara swatantra sing nglambangaké vokal bébas. Ing Hanacaraka aksara iki yaiku: a, i, u, é, lan o. Banjur re (diarani pa cerek) lan le (diarani nga lelet) uga diarani aksara swara. Alesané amarga ing basa Sangskreta "re" lan "le" sing tinulis lan , kaanggep aksara swara. Mulané ora ana aksara swara sing nglambangaké pepet amerga ing basa Sanskreta ora ana pepet.

Aksara murda

Aksara Murda

Aksara murda ing panggunan basa Jawa saiki biasa dienggo dadi kaya déné huruf gedhé ing aksara Latin utawa dienggo nulis jeneng-jeneng sing dimulèni utawa dikurmati. Aksara murda uga diarani aksara mahaprana. Sajatiné aksara iki uniné béda karo sing lumrah, amerga mula-mulané piridan saka ing basa Sangskreta. Nanging tumraping basa Jawa dianggep pada waé pocapané, mung gunané dadi séjé.

Ing dhuwur iki bisa dideleng yèn ora kabèh aksara nduwé aksara lan pasangan. Banjur aksara sa ana loro cacah jenisé. Tulisan sa- ngrujuk ing aksara sing diarani sa kembang.

Aksara rékan

Aksara rékan

Aksara rékan iku aksara-aksara Hanacaraka sing ditambahi tandha dhiakritik arupa cecak telu. Cecak telu iki karepa kanggo "ngréka" foném-foném saka basa ngamanca, utamané basa Arab. Mula diarani aksara rékan. Aksara rékan iki wujudé ora béda karo aksara biasa namung ana cecak teluné waé. Yèn ora ngerti pocapané, aksara rékan iki bisa diucapaké miturut pocapan Jawané.

Angka

Angka Jawa

Hanacaraka uga nrapaké angka-angka dhésimal.

Pada

Pada iku tandha-tandha kanggo nulis.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar